mc jowo kromo manten

[postlink]http://kinco79.blogspot.com/2010/04/mc-jowo-kromo-manten.html[/postlink]
Assalamu'alaikum wr wb

Sedaya puja lan puji kagunganipun Allah SWT ingkang akarya jagad, nuwuhaken raos katresnan wonten ing sak lebeting manah lan nyawijekaken wonten ing pawiwahan walimatul ‘ursy ingkang ageng punika.

> Ingkang kawulo hormati hadratul kirom wal mubarok para kyai-romo kyai,alim ulama,ustadz-ustadzah ( wa bil khusus panjenenganipun al mukarom romo KH……………………….)

ingkang tansah kita antu” lan dherekaken sedaya fatwa,nasehat saha pitedahipun.

> Ingkang kawulo hormati para sesepuh, pinisepuh ajining sepuh ingkang satuhu dhahat ing kinabekten.


> Ingkang kawulo hormati para pamengkuning praja, kang hanetepi ajining sesanti para satriyaning nagari ( wa bil khusus panjenenganipun bapak petugas ingkang kajibah saking KUA kecamatan…………………….)

> Para bapak, para ibu, para muda taruna lan para pinelenggah sedaya, para rawuh pangombyong keluargi ageng pinanganten kakung ingkang mijil sangking wewengkon dusun……….

Ingkang satuhu dhahat ing kinormatan.

Minangka purwakaning atur, ingkang sepindah mangga kita tansah estu” tan kendhat hangonjukaken raos syukur kita hangarsanipun Allah SWT ingkang Maha Asih, ingkang sampun hangluberaken ngapinten-pinten sih karohmatan,kanikmatan saha nur hidayahipun ingkang tanpo pepindhan, kalangkung” kanikmatan ingkang arupi nikmat iman lan islam saha nikmat kalodhangan wekdal lan kuwarasan sahingga kita saged kempal manunggal rawuh wonten ing papan panghargyan ingkang minulyo punika.

Tan mboten katalompen, mugiya shalawat sarta salam tansah kaluberaken konjuk dumateng panjenenganipun hangarsa dalem junjungan kita, uswah hasanah ingkang satuhu kita antu” syafaatipun mbenjing wonten ing yaumul qiyamah, panjeneganipun nabi agung Muhammad SAW, lumeber dumateng keluarganipun, para sahabat sumrambah ing sadayanipun umat islam fii kulli zaman wa kulli makan ingkang tansah setya mituhu ngugemi agaminipun Allah SWT dumugi akhiring zaman.

Katur panjenenganipun para pinelenggah ingkang satuhu dhahat ing karaharjan.

Nuwun, kanthi lumunturing sih nugrahaning Gusti Allah SWT ingkang maha agung, sinurung saha hanetepi reh dharmaning asepuh, kepareng kanthi andaping budi, hangaturi rawuh panjenengan sedaya saperlu nderek manghayu bagya hayuning swasana, bilih wonten ing kalodhangan wekdal punika panjenenganipun Bp. ………………..dalah sak keluargi pikantuk lumebering sih nugrahaning gusti, kepareng hanglampahi satunggaling jejibahan ageng saha hanetepi reh dharmaning asepuh, nambut silaning akrami, andaupaken keng putri asma :

Dhimas Ayu………………………binti……………………………

Ingkang mijil wonten ing wewengkon dusun …………………………………………………………………

Daup kaliyan piyantun ingkang sampun katetepaken dening Allah SWT, inggih punika panjenenganipun :

Dhimas Bagus…………………………bin………………………………..

Ingkang mijil saking wewengkon dusun………………………………………………………………………

Wondene ijab qabul akdun nikah badhe kalampahan sawatawis wekdal, dumawah wonten ing dinten punika :………………………..surya kaping………………..wulan……………..warsa………...

Miladiyah kaleresan ……………………………………Hijriyah wanci tabuh:……………………. Enjing

Mapan wonten ing dalem panghargyan calon pinanganten putri dusun…………………………………..

Kalajengaken panghargyan pawiwahan ageng tasyakuran walimatul’ursy dumugi paripurnanipun.

Sagung para rawuh kakung sumawana putri ingkang tansah kawulo mulyaaken,

Kepareng, kawulo madeg wonten ing ngarsa para rawuh sedaya, hangaturaken reroncenipun titilaksana adicara wiwit purwa dumugi paripurna pawiwahan ageng ijab qabul akdun nikah saha tasyakuran walimatul’ursy ingkang insya Allah badhe kalampahan wonten ing kalodhangan wekdal punika. Wondene titilaksana adicara sak jangkepipun inggih punika:

1. Sepindah iftitahul majelis

2. Adicara ingkang angka kalih inggih punika waosan ayat” suci Al Qur’an

3. Kalajengaken adicara ingkang angka tiga inggih punika upacara ijab qabul akdun nikah

4. Wondene adicara ingkang angka sekawan inggih punika temon penganten

5. Adicara ingkang angka gangsal inggih punika tanggap wasana lan atur pambagya

6. Kalajengaken adicara candakipun inggih punika sumene

7. Karonce adicara ingkang angka pitu inggih punika pitutur agung pitedah saha nasehat saklebet mau’idhoh hasanah kalajengaken doa

8. Jangkep adicara ingkang pungkasan inggih punika panutup

Minangka purwakaning adicara, mangga kita wiwiti panghargyan punika jumangkah ngancik titilaksana adicara ingkang sepindah inggih punika Iftitahul Majelis kanthi waosan ummul kitab suratul fatikhah sesarengan. Bi baarokatil faatikhah………………….

…………………………

Mugi kanthi waosan suratul fatikhah kasebat, Allah SWT tansah paring pangayoman sahingga adicara panghargyan pawiwahan punika saged kalampahan kanthi gancar lancar wilujeng lir ing sambikala wiwit purwa dumugining paripurna. Amin.

Wondene adicara ingkang angka kalih inggih punika waosan ayat” suci Al Qur’an, ingkang badhe ka aturaken panjenenganipun ingkang kawulo hormati akhinal kirom al ustadz…………………

…………………………

...................................

Dumateng panjenenganipun sederek………………………..sasana saha swasana kawulo sumanggakaken.

…………………………..

Shodaqallaahul’adzim x3. Allahummarhamna bil Qur’an. Mugi kanthi waosan ayat” suci Al Qur’an punika, barokahipun kalimpahaken dumateng pinanganten kekalih lumeber ing samudayanipun.

Sagung para rawuh kakung sumawana putri ingkang satuhu dhahat ing kinormatan

Ngancik titilaksana adicara saklajengipun inggih punika upacara ijab qabul akdun nikah, ingkang badhe ka rois-i panjenenganipun ingkang kawulo hormati Bp petugas saking KUA kec………………..

Wondene khutbah nikah badhe ka aturaken dening panjenenganipun ingkang kawulo hormati Al Mukarom Al ustadz romo KH…………………………………..

Lan barokah doa kasuwunaken dumateng panjenenganipun ingkang kawulo hormati ugi, Al Mukarom Al ustadz romo KH…………………………………..

Dumateng Bp petugas ingkang sampun ka jibah, sasana saha swasana kawulo aturaken sak jangkepipun.

…………………………….

Para rawuh sedaya, kakung sumawana putri ingkang minulyo, mekaten upacara ijab qabul akdun nikah ingkang sampun kalampahan kanti gancar lancar lan dipun gampilaken denig Allah SWT. Mugi pawiwahan ageng ingkang sampun hanyederekaken keluargi kekalih punika kaluberan ridhaning Allah SWT, kairing donga idi pangestu sangking para rawuh sedaya kagem pinanganten kekalih;

…………”Baarakallahu laka wa baaraka ‘alaika wa jama’a bainna kuma fii khaiir..”………..

” Mugi Allah ngempalaken saking kekalihipun saha hamberkahi piyambakipun kekalih, lan Allah ngindakkaken kesaenan putra lan putri wayahipun, andadosaken pambukaning margi rahmat lan hikmah sarta andadosaken pangayoming ummat “ amin.

Para Bapak, para Ibu, para pinelenggah sedaya ingkang dipun rahmati dening Allah SWT,

Sak lajeng adicara kawulo punggel sakwetawis wekdal, kagem paring kalodhangan dumateng Bp petugas saha pinanganten kekalih pinarak lelenggahan hangrahapi pasugatan kados punapa ingkang sampun kasugataken.nuwun

Para pinelenggah sedaya ingkang tansah kawulo mulyaaken.

Lumampah ngancik titilaksana adicara ingkang angka sekawan inggih punika temon penganten;

Nuwun para rawuh sedaya, kasuwun kanthi andaping manah jumeneng sawetawis kagem paring pakormatan dumateng pinanganten kekalih ingkang badhe kaombyong, kalampahaken jengkar saking bangsal paes pinarak tumuju wonten ing papan palenggahan dampar kencana, sak perlu handerek manghayu bagya hayuning swasana saha nyuwun kanthi andaping budi, donga idi pangestu saking atiyang sepuh kekalih sumrambah para pinelenggah samudayanipun, mugi anggenipun ngayahi jejibahan ambangun bale wisma sih hanetepi satunggaling sunnah rosul ingkang minulyo, andadosaken keluargi ingkang sakinah, mawaddah wa rahmah, pikantuk sih nugrahaning gusti, rahayu widodo dumugi kaken” lan ninen” sumrambahing sedayanipun.

PRATIKELE WONG AKRAMI;

Dudu brana dudu warna, amung ati pawitane

Luput pisan kena pisan, yen gampang luwih gampang

Yen angel-angel kelangkung, tan kena tinambak artha

Lir-ilir lir-ilir tandure wong sumilir

Tak ijo royo-royo tak senggoh penganten anyar

Cah angon” penekna blimbing kuwi

Lunyu” yo penekno kanggo mbasuh dada diro

Dada dira” kumitir bedahing pinggir

Dondomono jlumatana kanggo sebo mengko sore

Mumpung gedhe rembulane

Mumpung jembar kalangane

Para rawuh, panghayubagya ingkang minulya,

Rinakit adicara candakipun inggih punika tanggap wacana lan atur pambagya.

Wondene tanggap wacana lan atur pambagya ingkang kaping sepindah, asesulih sinambut atur sangking keluargi ageng pangombyong pinanganten kakung, wondene wonten ing kalodhangan wekdal punika badhe ka aturaken ingkang kawulo hormati panjenenganipun Bp…………………………….

Dumateng panjenenganipun Bp…………………………..sasana saha swasana kawulo aturaken.

………………………………….

Tatas-titis-tuntas cetho welo-welo tan keno cidro tanggap wacana lan atur pambagya, sinambut atur asesulih sangking keluargi ageng pangombyong pinanganten kakung ingakang sampun ka aturaken panjenenganipun Bp………………………….

Dumateng panjenenganipun Bp………………………………………ka aturaken Jazaakumullaahu khairan katsiira.

Tanggap wacana lan atur pambagya ingkang kaping kalih inggih punika asesulih sinambut atur sangking keluargi ageng pinanganten putrid, wonten ing kalodhangan wekdal punika badhe ka aturaken ingkang kawulo hormati panjenenganipun Bp…………………………….

Dumateng panjenenganipun Bp…………………………..sasana saha swasana kawulo aturaken.

……………………………………

Mekaten tanggap wacana lan atur pambagya, sinambut atur asesulih sangking keluargi ageng pinanganten putri ingakang sampun ka aturaken panjenenganipun Bp………………………….

Dumateng panjenenganipun Bp………………………………………ka aturaken Jazaakumullaahu khairan katsiira.

Para Bapak, para Ibu lan para rawuh sedaya ingkang satuhu dhahat ing karohmataning Gusti,

Dungkap titilaksana adicara ingkang angka nenem inggih punika sumene.

Sawatawis wekdal kalampahan adicara istirahat, dumateng para rawuh sedaya ka aturaken sugeng ngrahapi pasugatan, papan palenggahan, dhaharan saha unjuk-an kados punapa ingkang sampun ka sugataken. Dumateng para muda taruna lan juru pita swara ingkang sampun ka jibah, sasana saha swasana kawulo aturaken.

……………………………………

Para Bapak, para Ibu para pinelenggah sedaya ingkang satuhu dhahat ing kinormatan,

Kanthi mboten nggegempil kamardikan para rawuh anggenipun ngrahapi pasugatan, palenggahan, dhaharan saha unjuk-an, adicara sumene kawulo punggel dumugi samanten.

Karonce dening titilaksana adicara candakipun inggih punika tedar sabda pandhita pitutur agung, pitedah saha nasehat sak lebet mau’idhoh hasanah.

Wondene mau’idhoh hasanah wonten ing kalodhangan wekdal punika badhe ka aturaken panjenenganipun ingkang kawulo hormati Al Mukarom wak mubarok al ustadz romo KH…………………………… Lan wonten ing pethiting atur mau’idhoh hasanah samangke kasuwun barokahipun do’a.

Ayat:……………………………………………………………………………………………………………….

Dumateng panjenenganipun al ustadz romo KH…………………………………sasana saha swasana kawulo sumanggakaken.

……………………………………

Mekaten tedar sabda pandhita pitutur agung, pitedah saha nasehat lan do’a ingkang sampun ka aturaken panjenganipun al ustadz romo KH………………………………..Dumateng panjenenganipun ka aturaken Jazaakumullaahu khairan katsiira.

Mugi punapa ingkang sampun ka aturaken, sabda pandhita pitutur agung, pitedah saha nasehat ingkang mrentul sangking lebeting manah ingkang kalis nir ing nista,handadosaken titian saha tuntunan kagem pinanganten kekalih, minangka sesuluh ingkang saged paring pepadhang sakdangunipun hanglampahi bebrayan ageng hambangun bale wisma ingkang dipun ridhoi dening Allah SWT, sumrambahing samudayanipun ingkang tanpa pepindhan.

Bp” - Ibu” para rawuh ingkang satuhu dhahat ing kinormatan,

Titilaksana adicara ijab qabul akdun nikah saha tasyakuran walimatul’ursy wonten ing kalodhangan wekdal punika kawiwitan pambuka dumugining pethiting adicara inggih punika panutup, sampun kalampahan kanthi gancar lancar wilujeng nir ing sambikala dumugi ngancik wontening pethiting adicara,inggih punika panutup.

Dungkap paripurnanipun adicara, manawi sak dangunipun kawulo madeg wonten ing ngarsa panjenengan sami nglumantaraken reroncenipun titilaksana adicara pawiwahan punika wiwit purwa dumugining paripurna, kathah babagan ingkang kirang ing trap sila saha subasita tumraping laku saha pacelathu amrih adamel mboten renaning penggalih para rawuh sedaya, kawula nyuwun agunging samudra pangaksami.

Wasana cekap semanten, adicara pawiwahan ageng ijab qabul akdun nikah saha tasyakuran walimatul’ursy panjenenganipun dhimas ayu………………….binti…………………….kaliyan dhimas bagus…………………………..bin…………………………kawula punthes dumugi semanten kanthi waosan hamdallah sesarengan; Alhamdulillahi……

Ingkang pungkasan akhirul kalam, billahi taufik wal hidayah, wassalam………..

3 komentar:

Anonim mengatakan...

Matur suwun sanget kagem teks
adicara temanten, mugi - mugi tansah paring manfaat kagem liyan

Nuwun

azizsustiawan.wordpress.com mengatakan...

terimakasih saya ucapkan.. teks ini aziz minta,
aziz.susti@gmail.com
085655746903

CHINCO Mc ARBUD mengatakan...

mkasih kembali buat temen temen........semua.satu tahun gak buka blog.lgi sibuk......maklum

Posting Komentar