KUMPULAN PIDATO BOSO JOWO

[postlink]http://kinco79.blogspot.com/2010/03/kumpulan-pidato-boso-jowo.html[/postlink]Wacana Masrahaken Penganten

Assalamu'alaikum wr.wb.

=Kula nuwun,

Para sesepuh, para tamu kakung saha putri ingkang luhur ing budi. Nyuwun ngapunten dene kula paripaksa anggempil kamardikan panjenengan sadaya, saperlu kula matur ing ngarsanipun Bapak..........sarimbit.


Nuwun, Bapak/Kangmas/Dimas............ Kula kadhawuhan dening tiyang sepuh kula Bapak.........sekaliyan (manawi kaprenah enem: Kula kakersakaken dening sederek kula anem pun..........kekalih):

Sepisan: Ngaturaken salam taklimipun, kanthi pepuji mugi-mugi Bapak/Kangmas/Dhimas......sakulawarga tansah pinayungan ing Pangeran satemah ambabar rahayu wilujeng ing panjenengan lumber ing sadayanipun.

Kaping kalih: Kula kinanthen rowang sawetawis,kadhawuhan nyowanaken calonputra penganten, nama pun Bagus..... ingkang sampun sarembag badhe kadhaupaken kaliyan rara.......putri panjenengan.

================================================== ===========================================
Manawi dipun sartani bektan mugi kaaturna:
Dene anggen kula nyowanaken penganten kinanthen: maskimpoi arupi Rp/$..............cacah......., pangangge minangka santunipun penganten putri....., pesing......, sesupe........, pirantos pawon.......lan sanes-sanesipun.
================================================== ===========================================

Ingkang punika mugi kepareng nampi. Dene wonten kekiranganipu bapak........nyuwun agenging pangapunten. Salajengipun, kalampahanipun dhauping penganten kasumanggakaken ing kepareng panjenengan sakulawarga.

Minangka panutuping atur, mbok manawi wonten atur kula saklimah, lampah kula sarowang satindak, ingkang kirang trapsila satemah boten adamel renaning penggalih panjenengan punapa dene para tamu, kula nyuwun lumunturing pangaksami.

Cekap semanten, wassalamu'alaikum wr.wb.
==================================================================================
nrami manten


Assalamu'alaikum wr.wb.

Nuwun, para sesepuh, para tamu kakung putri ingkang kula kurmati, mugi kalilan kula nyulihi sedherek kula sepuh Kangmas........angaturaken waluyan paring pangandikanipun Bapak...........lumantar Bapak/sdr...........

Bapak/Kangmas...............(paraga ingkang masrahaken) kapisan, kula angaturaken sugeng rawuh panjenengan sarowang. Sakelangkung ing syukur kula, dene rawuh panjenengan, kula saestu ngetrepi wanci ingkang prayogi.

Angka kalih: salam taklimipun Bapak/Sdr......(besan) lumantar panjenengan, kula tampi akanthi suka rena, gumbira marwata suta. Mugi pangajap lan pandonga wau kaijabahan dening Allah SWT. ambabar kanugrahan, kawilujengan dhumateng kula sawarga, sumrambah ing para tamu sadaya, boten langkung dawah sasami-sami.

Kaping tiga: Bapak.......lumantar panjenengan maringaken putra jaleripun, calon penganten, nama Bagus........sinartan peparing manekawarna, kula sanget-sanget angaturaken gunging panuwun. Sadaya kala wau kula tampi kanthi suka renaning manah.

Salajengipun Bapak............sampun kepareng paring kapitadosan dhumaten kula babagan kelampahanipun dhauping penganten ing mangke kula sendikani. Sanajan sagaduk kuwawi kula.

Ing punika, panjenengan sakanca kula suwun lenggah prayogi ing palenggahan ingkang sampun kula cawisaken, sumene ngiras pantes angestreni dhauping penganten. Dene wonten kiranging boja lan krama kula anggen kula anampi rawuh panjenengan sakanca, mugi keparengan maringi agunging pangaksama.

Cekap semanten atur kula,


Wassalamu'alaikum wr.wb.
==================================================================================
Ngacarani Rawuhipun Besan Lan Adicara Pangabekten
Ngacarani Rawuhipun Tamu Besan

Kula nuwun para tamu, awit saking notoling manah kepingin paring pangestu dhateng penganten kekalih sarta raket rumaketing bebesanan, Bp. ibu.........(besan) kepareng rawuh ing pasamuan punika. Ingkang tinanggenah keparenga hangacarani rawuhipun tamu besan. Mrih renggeping swasana, rawuhipun besan kinurmatan Ladrang Tirta Kencana, Laras Pelog Nem, sumangga.

Ngacarani Adicara Pangabekten
Kula nuwun, Mestuti Dhawuhinng Hyang Maha Nasa, raryapan kedah bekti mring yayahrena, mila penganten kekalih tumunten daya-daya badhe atur bekti dhateng ibu punapa dene rama. Ingkang punika keparenga Bapak lan Ibu...........(ingkang mengku damel) sarta Bapak lan Ibu...........(besan) keparenga samapta anampi bektining putra. Adicara pangabekten karigenaken dening Ibu..............kinurmatan lelangen pradangga, ladrang Mugi Rahayu Slendro Manyura. Sumangga.

=================================================================================
Ngacarani Adicara Atur Pambagya
Ngacarani Adicara Atur Pambagya

Para tamu kakung putri ingkang tansah kinurmatan sawetawis penganten kekalih lenggah anampi sih arupi puji pangestu saking para tamu, keparenga Bp..................lan............... hangaturaken pambagya wilujeng ing ngarsanipun para tamu kakung putri. Kadayan saking raos suka marwata suta angebeki manahipun Bp...........boten kuwawi matur ing ngarsa panjenengan sadaya. Mila nyuwun gungan dhumateng Bapak........keparenga hanyarirani ngaturaken pambagya wilujeng, minangka sesulihipun. Mugi kepareng anjajari Bp.........., panjenenganipun Bp................., Bapak..............., lan Bp............ Sumangga, nuwun.


Ngacarani Adicara Kirap 1 lan 2
Ngacarani Adicara Kirap 1

Para tamu kakung putri, penganten kekalih karobaning sih. Kirang timbang sakinten penganten dereng meminta memalatsih dhateng para wredha-mudha, mitra dasih. Ingkang punika mugi keparengan Penganten kekalih senajan namung sacleretan sowan ing ngarsa panjenenganipun para tamu ingkang sampun kepareng anyengkuyung raosing sukarena bagya lan mulya.

Kiraping penganten kapratitisaken dening ibu................Wondene ingkang kepareng hanyarirani anucuki lampan nuwun inggih Bp................(Salajengipun kasebatna urutan paraganing kirap) para tamu kakung putri, mrih regu renggeping swasana, rawuhipun Adimukaning lampah kirap, binarung rerepan Dhandanggula Pelog/Slendro/pathet.........
Sumangga.
---------------------------------------------------------------------
Lampahing kirang katingal regeng aregu, tinon saking katebihan lir pendah Narendra tedhak cangkrama.

================================================================================================
Ngacarani Adicara Kirap 2

Para tamu ingkang mahambek sadu ing budi, nglangut raos kalaning nyaranti. Wondene kang dene sranti panggah tan mangga keksi. Penganten kekalih sampun purna santun ageman. Mila lajeng tumunten wangsul sowan ing ngarsa panjenengan sadaya. Rakiting kirap karacik kados kirap kapisan. Suka rena, gambira mulya wibawa ngebegi raosing penganten kekalih, dene samarga-marga anggung sinuba-nuba.
=======================================================================================
Ngacarani Adicara Paring Wursitawara
Ngacarani Adicara Paring Wursitawara

Para tamu kakung putri, penganten kekalih sampun sowan ing ngarsa. Clereting netra kawistara, agung nggenya angantu-antu paring panjenengan puji pangastuti. Widadaning lampah, tulusing parasdya, anggennya mangun brayat, winisudha sinengkakaken ing tataran wredha, werdine pan kedah mandireng priyanggan. Mrih antuka kalidamar, pandham margining agesang bebrayan, mila kasuwun panjenenganipun Bp.....................paring ular-ular dhumateng penganten kekalih, sumrambah ing sadayanipun. Wasana, sumangga.

====================================================================================
Nyarantos Purnaning Pawiwahan
Nyarantos Purnaning Pawiwahan

Makaten para tamu putri kakung putri, mligenipun dhateng penganten kekalih. Wursitawara sampun kaparingaken kanthi gamblang narawang, sampun boten karempit. Mugi dadosa bundhelan adi, gegaran nggayuh widadaning palakrama. Kados sampun boten worsuh panampi panjenengan kantun keparenga sami angecakaken ing gesang bebrayan.
Para tamu kakung putri, ingkang tuhu sahar drana luhur ing budi, pasamuan pawiwahan sampun andungkap paripurna. Minangka pratandha paripurnaning pasamuan pawiwahan. Kalanipun ingkang amengku karya, tuwin penganten kekalih sampun samapta anguntapaken kunduripun para tamu ing sangandhaping wiwara pawiwahan.
Saderengipun dumugi prastawa punika, sumangga nun, sami kaprayogekaken lelenggahan, sinambi nyarantos paripurnaning pawiwahan. Nuwun.
=====================================================================================

Mungkasi Pawiwahan
Mungkasi Pawiwahan

Nuwun, para tamu kakung putri. Saking palaporanipun pawongan pinitaya, pawiwahan tuwin samukawisipun sampun paripurna. Kunjuk ngarsanipun Ibu............... juru mratitisaken wiraga penganten kekalih,keparenga penganten kekalih kakanthi tumuju dhateng wiwaraning sasana pawiwahan, saperlu nguntapaken konduripun para tamu.
Tindakipun penganten kekalih rinengga ing Ladrang Tedhaksaking, Pelog Barang.

Para tamu kakung putri, pawiwahan sampun paripurna, lumantar pambyawara, ingkang amangku karya hamangsuli hangaturaken gunging panuwun, awit paring paring panjenengan bebantu rupi punapa kemawon. Sadaya kiranging boja lan krama, keparenga paring agungin pangaksama. Mligenipun tumrap jasad kula, pambyawara, kathah saru-siku, temah tan bangkit adamel rena, kula nyuwun lumunturing pangaksama. Nuwun.

Sugeng kundur dhumateng para tamu sadaya.

Wassalamu'alaikum wr.wb.

Atur Masrahaken Penganten Sowan Partuwi Tiyang Sepuh
Atur Masrahaken Penganten Sowan Partuwi Tiyang Sepuh
(Sepekenan Penganten)

Assalamu'alaikum wr.wb.

Kula nuwun,
Kula sesulihipun Bapak..............kepareng matur ing ngarsanipun Bapak............sarimbit ingestrenan para sesepuh saha para tamu kakung putri.

Nuwun, Bapak.........kekalih, penganten sarimbit sampun lerem sawetawis ing dalem Atmorejan (dalemipun Bapak Atmorejo) sawetawis dinten.
Sampun ngantos adamel kapanging kaluwarga Danudirjan, ing titi punika kula kadhawuhan dening Bapak............sekaliyan nyowanaken penganten sarimbit, ingombyongan sawetawis kadang kaluwarga.

Kula titipaken anak kula kekalih ing panjenengan, nalikanipun wonten ing dalem panjenengan, borong anggen panjenengan nggulawenthah, suka piwulang, amrih kekalih sami cekap pesangonipun kangge mengku balewisma saprayogining kaluwarga.
Sumangga penganten sarimbit kula aturaken ing asta panjenengan kekalih. Wonten kirang trapsila anggen kula sowan sakanca, mugi keparenga angluberaken samodraning pangaksama. Nuwun,

Wassalamu'alaikum wr.wb.


====================================================================================




0 komentar:

Posting Komentar